Senin, 11 Februari 2013

Cara Gawe Pidato Basa Jawa

Kepriye Carane Gawe Pidato Basa Jawa?
Manawa arep gawe naskah pidato Basa Jawa, bisa digawe nganggo cara mangkene :
1. Nemtokake tema/topik.
2. Nemtokake ancas utawa tujuan.
3. Ngumpulake bahan.
4. Gawe cengkorongan (kerangka).

Urut-urutan naskah teks pidato :
1. Pambuka
a. Salam (Assalamu'alaikum Wr. Wb)
b. Atur Pakurmatan ( Ingkang dahat kinurmatan Bapak Kepala sekolah, ingkang kula tresnani kanca-kanca,....)
c. Atur Puja Puji Syukur. ( Langkung rumiyin mangga sareng-sareng ngunjukaken puja puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kanikmatan dhumateng kita sadaya)

2. Isi Pidato ( Wonten ing mriki keparenga kula matur .....)

3. Panutup
a. Ringkesan isi pidato
b. Atur panyuwun pangapura ( Cekap semanten anggen kula matur, mbok manawi wonten lepat kula nyuwun pangapura)
c. Salam Panutup (Wassalam)

Makaten cara ingkang gampil (sederhana) Gawe Pidato Basa Jawa.

0 komentar:

Posting Komentar

 
© Copyright 2035 SERBA PREMIUM
Theme by REPUBLIKKU